Senin, 13 Desember 2010

Macapat (Puisi lama)

Geguritan kang tinulis miturut “metrum” tartamtu. Saben “metrum” duwé aturan dhéwé ing babagan:
a. Guru gatra: Wilangan gatra/larik saben pada;
b. Guru wilangan: Wilangan wanda saben gatra;
c. Guru lagu: Tibané swara wanda pungkasan ing saben gatra.
Ing kasusastran Jawa, ana sawatara “metrum” kang wis umum dicakaké. Kajaba aturan ing nduwur, saben jinis “metrum” uga duwé lagu dhéwé. Mula “metrum” kuwi uga kasebut tembang utawa sekar macapat. Tembung Macapat dhéwé uga bisa duwé teges cara maca geguritan sarana katembangaké. Sekar macapat kang ana ing sastra Jawa yakuwi:
1. Sekar Macapat Alit/Asli:
  1. Mijil
  2. Sinom
  3. Dandanggula
  4. Kinanthi
  5. Asmarandana
  6. Durma
  7. Pangkur
  8. Maskumambang
  9. Pucung
2. Sekar Macapat Tengahan:
  1. Jurudemung
  2. Wirangrong
  3. Balabak
  4. Gambuh
  5. Megatruh utawa Dhudhukwuluh
3. Sekar Macapat Ageng:    – Girisa
Sekar macapat uga kacakaké ing panulisané serat-serat Jawa, umpamané Serat Wédatama, Serat Sabdajati, lan Serat Wulangrèh. Pérangan seratan kang tinulis kanti sekar macapat tartamtu, kasebut pupuh. Tuladhané: Serat Wédatama Pupuh Sinom: Serat Wédatama Pupuh Megatruh, lsp. Pupuh kadidéné Bab. Ing pérangané buku.
Dandanggula
Éling-éling pra kadang dèn éling (10/i)
Uripira ing ndonya tan lama (10/a)
Bebasan mung mampir ngombé (8/e)
Cinecep nulya wangsul (7/u)
Mring asalé sangkané nguni (9/i)
Begja kang wus pana (7/a)
Sangkan paranipun (6/u)
Dedalan kang dèn ambah (8/a)
Mrih rahayu lumampah margi utami (12/i)
Sejatining kasidan (7/a)
Sinom
Pangéran kang sipat murah (8/a)
Njurungi kajating dasih (8/i)
Ingkang temen tinemenan (8/a)
Pan iku ujaring dalil (8/i)
Nyatané ana ugi (7/i)
Iya Kiyageng ing Tarub (8/u)
Wiwitané nenedha (7/a)
Tan pedhot tumekèng siwi (8/i)
Wayah buyut canggah warèngé kang tampa (12/a)
Kinanthi:
Padha gulangen ing kalbu (8/u)
Ing samita amrih lantip (8/i)
Aja pijer mangan néndra (8/a)
Kaprawiran dèn kaèsthi (8/i)
Pesunen sariranira (8/a)
Sudanen dhahar lan guling (8/i)
Asmarandana
Anjasmara ari mami (8/a)
Masmirah kulaka warta (8/a)
Anèng kuta Probolinggo (8/o)
Prang tanding lan Wurubisma (8/a)
Kariya slamet wong ayu (8/u)
Pun kakang pamit palastra (8/a)
Megatruh:
Sigra milir sang gèthèk sinanggga bajul (12/u)
Kawan dasa kang njagani (8/i)
Ing ngajeng miwah ing pungkur (8/u)
Sinangga ing kanan kèring (8/i)
Sang gèthèk lampahnya alon (8/o)
Wirangrong:
Tan pantes akèh ngawruhi (8.i)
Mulané lamun miraos (8/o)
Dipun ngarah-arah ywa kabanjur (10/u)
Yèn uwis kawijil (6/i)
Tan kena tinututan (7/a)
Mulané dipun prayitna (8/a)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar